Selasa, 30 Juli 2013

LDR Kuwi opo Leh?


Ngerti ora LDR kuwi opo ?
Ya.. ya.. ya.. LDR kuwi singkatan soko Long Distance Relationship, nek di tafsirke ning bhs Jawa nak gak salah artine : Pacaran Karo Meteran.. Mbhehehe.. *guyu wedhus*

Pacaran adoh-adohan kuwi sing jenenge LDR.
LDR kuwi akeh sebabe, umume sih mergo pacare sekolah/ kuliah /omah neng luar kota dadine adoh-adohan.

Sing melasi kuwi nek LDR mergo pancen pacarane ora tau ketemu. Ketemune neng facebook, twitter. utawa mung ning chatingan, smsan, bbman trus jadian. Padahal asline koyo ngopo ora ngerti. Jebule podo lanange / pada wedoke yo ora ngerti. Gelem wae diapusi foto!!. Mesakne Ndes !!!..
Nek di pikir-pikir sih pacaran adoh-adohan iku ora penak, jajal pikiren !!! Nyekel tangane ora iso, ambung-amb­unga­n ora iso. Paling ambung-ambungan­­ karo hape !!!. Lambene nganti ndower mergo  kepanasen nempel neng hape.

Nek wayah MalMing, ora bedo adoh karo jomblo koyo aku ngene.  Mlonga-mlongo neng ngomah, mbayangno rupane pacare lagi ngopo, jebule lagi selingkuh !!!. Jajal sopo sing iso ngerti..? Awakmu. Heh?
Lagi smsan karo kowe, jebule neng kono pacarmu lagi mesra-mesraan karo gendaanne. NAH..!

Trus nek lagi ribut, paling isone ngomel-ngomel neng telepon (iki wae nak iseh nduwe pulsa). Arep ndupak ngeplak njotos ora iso, Paling hpne di banting, bar kuwi nangis guling2, tuku hp meneh mergo hapene bodol bar di banting.

Tapi santai wae, iku kabeh ono solusine, Iki Tak kek i tips nggo nglakoni LDR yo Ndes !!!:

  1. Kudu biso ngatur wektu ketemu 
  2. Kudu duwe pulsa 
  3. Kudu duwe duit 
  4. Kudu setia 
  5. Kudu saling percaya 


Sing paling penting, KUDU GELEM. pancen ribet tho LDR kuwi? Pancen !!!
LDR kuwi sangar tapi mesakne. Statuse duwe pacar, tp seringe mangan ati

Nek iso sih, pacaran yo ojo adoh-adohan. opo sing cedak ora enek? opo mergo sing cedak ora ono sing gelem karo kowe? Dadine sak enek'e. Enek'e pacar neng kono yo kepiye meneh kudu di terima.
Tp mending ketimbang jomblo #ehhh, sing adoh yo ora ono sing gelem, sing cedak opo meneh.. #luweh mesakne Jomblo

Tapi kabeh mau yo sakarepmu, arep LDR, arep pacaran, arep jomblo tahunan, arop Ngowoh, opo arep ngopo sakarepmu. Ora urusan, ora urunan, ora duwe duit !!!!

Nuwun :*

17 komentar

Melas ...

sing melas sopo tho mas?

ngga ngerti basahanya :'(

wah ini blog anak sma yaa gan

oke makasih gan udah share

guyu wedus ki sing piye to... :D

wah, wong jowo pisan toh ..
haha, lucu mas :)

Hahaha ada translatenya nggak? sumpah nggak ngerti :( wkwkwk

mv gan belum ada, lagi pengen boso jowo :D

Oke makasih juga udah mampir

wah keren itu gan, nice post :-)
.
kunbal>> http://lensaglobe.blogspot.com

Seng njogo setia iku seng angel mass lek LDR. #pengalaman. hahahaha

wah jebul sing angel setiane tho mas

kok judule nganggo LEH. omahEM endi LEH? kok koyo asliku Pati ndak iyoa ^_^